Judul saya


isi halaman

TAG

WONG URIP GAK ISO SELAK SEKO PATANG PERKORO

Filled under: ,

WONG URIP GAK ISO SELAK
SEKO PATANG PERKARA



4 perkara yoiku :
1. Nikmat
2. Masalah
3. Salah
4. Mati


Pembahasane :

1. NIKMAT
Allah SWT terus - terusan maringi kenikmatan kanggone wong-wong kabeh. Tapi kadang gak eling lan nyalahgunakke nikmat kuwi. Diparingi kenikmatan iku kudune disyukuri peh men sitik.

2. MASALAH
Wong urip kabeh kuwi gak bakal lepas seko masalah. Tapi kadang ono wong urip sing kudu lepas seko masalah malah nganggo dalan sing ora bener, contone : kendat, ngombe Indrin, lsp. Dalan sing kaya mengkono kuwi dilaknat dening Allah SWT. Anggepane wong ngono iku nek wis mati bakale lepas seko masalah, tapi anggepan ngono iku keliru. Wong nek wis mati kuwi ijeh nduweni masalah ing alam kubur lan akherate.
Kudune dadi wong urip nek pengen nyelesekke masalah ojo njalok pendapat/sarane wong liyo, iso-iso malah tambah gedhe masalahe. Masalah sing diadepi menungsa kuwi asale seko Gusti Allah SWT, dadine nek pengin nylesekke masalah kuwi ngadep langsung, ndonga nyuwun petunjuk Gusti Allah SWT.

3. SALAH
Ora ono wong urip sing ora nduweni salah. Kabeh wong nduweni salah. Jenenge salah mboh kuwi gedhe opo cilik tetep wae jenenge salah. Makane kudu rumongso nek nduweni salah. Kanggo nutupi salh kuwi ojo ditambahi salah-salah sng anyar. Tebus salah mau nganggo dalan sing wis diparingke Gusti Allah marang kita sedaya. Contone : gelem zakat, poso rhomadhan, lsp.

4. MATI
Sopo wong sing iso selak seko mati/ajal? Ora ono wong sing iso selak seko mati. Kabeh wong iku bakale mati. Mboh Mengko, sesok, opo sesuke meneh yo gak ngerti. Mulane iku dadi wong urip kudu eling yen bakale mati. Sakdurunge mati kudu dipersiapno bekal kanggo urip ning alam sakbakdane alam ndonyo.

4 perkoro kuwi gak iso selak seko wong urip, mulane ojo nggresulo urip ning alam ndonyo. Kudune tawakal lan berusaha.

"Berusahalah ning alam ndonyo semampune, seolah - olah bakal urip saklawase."
"Cukupi bekal kanggo akherte, seolah - olah megko sesok opo kapan-kapan ninggalno alam ndonyo."


Picture sumber : https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEgkrZuwOPPGt_S-f02sAY8Js4PnLO60-OLwWT_4H7HPlyXIc0U7e5dTXDwtR5GRMT-U-a1ERot9vJ15hyphenhyphen_AieuxlMXF1RkMGKqAePAPV92pKaiLOrHzNDuLcC3eaaLSvvrWmBj8vqa8jgEa/s1600/uncategorized-cita2.jpg

Posted By Putradhinata14.56